A. Jlentrehna tegese paribasan kang ana ing sajroning teks ing ngisor iki!
Krana nglabuhi putrane sing rada nakal Pak Handoko uripe malih sengsara. Wis pancen sakmesthine anak polah bapa kepradhah 1). Saiki Pak Handoko manggon ing omahe ponakane sing jenenge Ardi. Sejatine manggon ing omahe ponakane sing saiki wis sugih rumangsa ora kepenak, jalaran polatane Ardi karo bojone pancen ora ngepenakake. Tibake ponakane kuwi mbidhug api rowang 2). Kamangka biyen sing ngopeni bulike, ya garwane Pak Handoko. Saiki bulike wis seda, mulane uripe Pak Handoko saiki malih ketula tula ketali 3). Bojone Ardi kuwi patrape mung rubuh-rubuh gedhang 4) ora duwe kekarepan sing jejeg. Kejaba saka kuwi uga kadunungan watak kadang konang 5), mulane sawise Pak Handoko saiki wis mlarat kaya-kaya ora digape maneh.
B. Jlentrehna tegese bebasan kang ana ing sajroning teks ing ngisor iki!
Sakjane olehku ngomong karo adhiku mau mung kanggo abang-abang lambe 1) nanging kok ditanggapi temenan. Pancen kaya dene wong ngemut legining gula 2) akire malah dadi temenan. Ora dadi ngapa, malah kena kanggo pasinaon tumrap uripku. Ngene iki aku prasasat kaya ancik-ancik pucuking eri 3), mulane saben satindak tandukku kudu ngati-ati. Aku ora kepengin ngubak-ubak banyu bening 4), yen dheweke saiki wis rumangsa kepenak uripe aku ya melu marem. Jejering anak kuwi kudu bisa mikul dhuwur mendhem jero 5) karo drajading wong tuwa. Sanadyan ta wong tuwaku biyen kuwi emban cindhe emban siladan 6) marang anak-anake, nanging aku ora mangkel. Kabeh iki wis dadi takdirku. Aku ora arep nggayuh sing ora kena takgayuh, ngono kuwi jenenge kegedhen empyak kurang cagak 7) utawa cebol nggayuh lintang 8).
C. Jlentrehna tegese saloka kang ana ing sajroning teks ing ngisor iki!
Adi karo Toni kuwi pancen tumbu oleh tutup 1) menyang ngendi bae mesthi bocah loro. Bapake Adi ketoke wis kuwalahan ngomongi anake, jalaran anake yen dituturi wong tuwane malah dikira nyeneni, akire malih kaya wong tukaran, kriwikan dadi grojogan 2). Pancen jaman saiki kena diarani kebo nusu gudel 3). Akire bapake mung belo melu seton 4) marang anake.
Ketoke Adi kena pengaruhe Toni. Toni ketoke wis ora kena dituturi maneh ibarate kaya kebo lumumpat ing palang 5). Akire Adi malih melu-melu ana unen-unen kethek saranggon 6), nanging yen bapake nyeneni Tomi padha bae karo kutuk marani sunduk 7) utawa gajah marani wantilan 8). Nanging yen dijarne bisa-bisa kemladheyan ngajak sempal 9). Arepa mung timun wungkuk jaga imbuh 10) akire bapake Adi ya melu-melu nuturi apa sing wis dilakoni Tomi karo Adi.
Saka " Pinter Basa Jawa 2 , SMP/MTs kelas VIII , kaca 29, 30. Penerbit Yudhistira.
0 Komentar